Jakarta,Sinarpolitan.com-Setelah mendengar apa yang disampaikan sang Resiwara Bhisma, hati Prabu Drestarastra bagai disambar petir disiang hari. Badannya gemetaran, keringatnya bercucuran, meraih tongkatnya dan beranjak turun dari dampar kencana, duduk di bawah sejajar dengan Resiwara Bhisma dan para nayaka kerajaan…….
“Duh Hyang Agung, mugi paringana padhang dhatêng jasad kula…. ”
Keluh Prabu Drestarastra dengan meneteskan air mata
” …. Yayi Pandu, pangapuranên pun kakang ya dhi…. Pun kakang iki naléndra ingkêng tuna ing budi cingkranging samubarang.
Aku ora pantês dadi wong tuwa. Aku mbok titipi anak-anakmu, ning aku ora isa nggula wêntah karo anak-anakmu. Pandu…. Aku ngakoni dadi ratu sing calahina, ora wêruh marang gêlaring jagad lan èsêming rêmbulan. Mula ora anèh yèn ta madêg-ku ana nêgara Ngastina tansah diblithuk dhéning mênungsa – mênungsa sing jiwané kêpanjingan iblis……. !
Duh Gusti, kula nyuwun pêngayoman….!? ”
“Bat, tobat, tobat…. inggih sampun kados mêkatên sinuwun….? ”
Kata Dewi Gandari
” …. Pêrkawis mênika sampun dipun pênggalih ingkêng lêbêt…. Mêrgi tumrap kula ingkêng kêdah dipun pênggalih nggih namung kêng putra para sata Kurawa mênawi saking pênggalih kula.
Mênawi Pandawa tasih gêsang mênika mbotên dados mênapa. Mênawi sampun pêjah tumrap kula nggih mbotên mênapa-mênapa, jêr nyatanipun ingkêng kêdah dipun mulyakakên mênika putra-putra panjênêngan para sata Kurawa. Kénging mênapa paduka ndadak nggêgasah dhatêng pênggalih paduka piyambak, namung mênggalihakên dhatêng para Pandawa.
Pandawa mênika sanès turas paduka ingkêng sah. Ingkêng sah turas paduka mênika inggih para sata Kurawa. Sampun sak trêpipun mênawi jêngandika jumênêngakên Kurupati dados Prabu Anom wontên nêgari Ngastina …. ”
“Gendari….!!! ”
Bentak Prabu Drestarastra
“…Ora usah mèlu rêmbug….!!!!
Kowé karo adhimu Suman kuwi wis pidhak jêmpol….. Kowé karo adhimu Suman kuwi wis padha ngêthêk sranggon, nêbu sak uyun, nggonmu kêpingin nyingkiraké para Pandawa…..
Apa mbok kira aku ora ngêrti gêdohanmu ya….?! Pêndhak-pêndhak Kurawa karo Pandawa mbok bênthik-bênthikké, mbok gasruk-gasruk aké bèn padha sêngit, bèn padha rêgêjêgan, mêrga niyatmu kêpingin ngukup kamuktèné nêgara Ngastina karo adhimu Suman…!!!
“Inggih nyuwun…. ”
“Ora usah wangsulan…!! ”
Prabu Drestarastra memotong pembicaraan Dewi Gandari
“…Wong wadon mamah kêndali sênêngané mulak karo wong lanang….!
Upama kowé ora tak dadèkké bojoku, Suman ora tak dadèkké adhiku ipé, kowé padha mangan apa….?! ”
“Inggih…. ”
“Wong wadon anggêré lambéné tipis mêsthi wani karo wong lanang. Sak kêcap wangsulan limang kêcap….! ”
“Inggih nyuwun pangapuntên…. ”
“Wa pênêmban….! ”
Seru Prabu Drestarastra kepada Resiwara Bhisma
“Piyé nggèr….? ”
“Mênawi mêkatên kula têtêpakên sak mangké anggèn kula maringakên Prabu Anom dhatêng anak kula pun Kurupati mênawi saèstu para Pandawa tasih gêsang, têtêp Ngastina badhé kula wangsulakên dhatêng pênguawaosipun para Pandawa, pênêmban….! ”
Sang Resi Bhisma kaget dengan keputusan yang akan diambil Prabu Drestarastra
“Mêngko dhisik nggèr…! Aja kêburu paring kêputusan. Kuwi bênêr, nanging kurang pênêr… ! ”
“Nyatanipun kula sampun nggadhahi kalêpatan lajêng kula badhé mangsulakên dhatêng pênguwaosipun para Pandawa….? ”
“Ngéné ya nggèr…. sabda brahmana raja kuwi ora kêna wola-wali. Sabdané naléndra ora kêna wola-wali. Ya mung kudu ana dalan supaya para Pandawa ora nganti murina…”
“Lajêng kêparêngipun wa pênêmban….? ”
“Durna….! ”
“Kula paringan dhawuh…. ”
Jawab Begawan Durna
“Piyé iki supaya ana dalan kang prayoga supaya Pandawa aja nganthi nêsu. Yèn nêgara iki wis diparingaké marang si Kurupati…? ”
“Oo…. kula mênika apal kalih watak wantunipun para Pandawa…. ”
Kata Begawan Durna
“…Pandawa mênika laré sabar, laré ékhlas. Pandawa mbotên naté nuntut punapa kémawon. Mila napa mawon ingkêng dipun paringakên saking tiyang sêpuhipun, Pandawa mênika nrami, sagêd lêgawa…”
“Lha banjur pênêmumu piyé..? ”
“Ngastina mênika kêrsané dipun lênggahi Prabu Anom Kurupati. Nanging Pandawa kêdah diparingi liru bumi ingkêng jêmbar tuwin suburipun sami kaliyan nêgari Ngastina…. ”
“Lha, aku malah mathuk, aku malah gathuk….! ”
Kata Resiwara Bhisma
“..Lha saiki ngêndi bumi sing jêmbar lan suburé padha karo Ngastina….? ”
“Nyuwun pangapuntên, mênawi babakan pêrtanahan mênika sanès wêwênang kula. Sanès tanggêl jawab kula…. ”
Kata Begawan Durna
“Tanggung jawabé sapa…? ”
“Patih. Panjênêngan ndangu dhatêng Patih Ngastina…. ”
“Sêngkuni…! ”
“Kula wontên dhawuh…. ”
Jawab Patih Sengkuni
“Yèn Pandawa têkan kéné bakal di ijoli tanah sing ngêndi….? ”
Tanya Resi Bhisma
“Pandawa mênika sampun pêjah ! Mêngkin sing têkan kéné niki sétané napa pripun….? ”
Jawab Patih Sengkuni
“Dhik Patih….! ”
Seru Begawan Durna
“…..Sampéyan niku ampun gawé gara-gara….
Ampun ngotên ta dhik Patih….
Pênêmu sampéyan ya durung karuan bênêr.
Sampéyan kudu paring dhawuh bumi ngêndi sing pas dinggo ijol karo para Pandawa….!? ”
“Nèk pêmanggih kula, pancèn wontên. Nanging têsih wujud wanawasa…. ”
Kata Patih Sengkuni
” …. têsih wujud wana bêbondhotan. Wanamarta nggih Wanamêrtani…. ”
“Mêngko dhisik, aja ngawur….!? Wanamarta kuwi alas gêdhé sing angkêr, gawat kaliwat. Wingit kêpati….
Sato mara sato mati, jalma mara jalma mati….!? ”
“Mênawi bab mênika kula mbotên mangêrtosi…. Ingkêng wigati Wanamarta mênika wiyaripun ugi suburipun sami kaliyan Ngastina. Tur Wanamarta mênika nggih sampun dados wêngkon nêgara Ngastina.
Kula yakin sangêt bab mênika. Amêrgi akte jual bêli kaliyan balik nama status SHM, kula ingkang ngurus dhatêng notaris.
“Pun ta, niki mangkin mbotên ajêng wontên ingkêng uthik-uthik nêgara Ngastina….”
Kata Patih Sengkuni….
” …. tur malih wong Pandawa mênika sampun pêjah. Rongkonganipun mawon kula sing ngurusi. Kula sarèkaken dhatêng taman makam pahlawan…. ”
“Ya wis, yèn ngono upama mêngko Pandawa sing têka, paringana bumi Wanamarta.
Apa sira ékhlas kaki Prabu….? ”
Tanya Resi Bhisma
“Inggih mbotên ékhlas sabab mênapa ?
Namung mangké Pandawa sagêd nampi napa mbotên wa pênêmban….? ”
Kata Prabu Drestarastra
“Pêrkara nampa lan ora, sing baku sira kaki Prabu wis tumindhak ingkêng adil tumrap putra-putramu kabèh. Para Kurawa apadéné para Pandawa…. ”
“Inggih wa pênêmban, ngèstokakên dhawuh…. ”
Dèrèng ngantos paripurna sami imbal wacana dhatêng paséban agung, kasaru ana angin gêdhé mlêbêt dhatêng datulaya nêgari Ngastina ndadodosakên kagyat kang sami suméwa.
Ana apa déné ana prahara dhatêng datulaya.
Ical ponang maruta angganda arum angêbaki jroning datulaya….
-Jlêggg.. !!-
Praptané Sang Brataséna akarya kagyat kang sami anggantung séba wontên ing praja Ngastina
Belum sampai selesai dalam pembicaraan di paseban agung, tiba-tiba datang angin yang besar masuk ke dalam istana kerajaan Ngastina seperti prahara yang memasuki istana.
Hilang angin yang besar berganti dengan bau harum yang menyebar memenuhi ruang istana….
-Jleggg….!!-
Datang Raden Bratasena menjadikan kaget semua yang masih di paseban kerajaan Ngastina
Melihat kehadiran Bratasena semua yang diruangan istana terdiam. Mereka semua tertegun, mereka menyaksikan sesuatu yang mustahil terjadi tapi ini nyata benar-benar terjadi. Semua orang membicarakan kematiannya, terbakarnya Para Pandawa dan ibunya Dewi Kunti di Bale Gala-Gala beberapa tahun silam.
Ternyata Bratasena selamat dengan gagah langkahnya yang pasti menghadap Prabu Drestarastra, menunduk menghaturkan sembah….
Drestarastra yang cacat netra meraba wajah dan tubuh yang tinggi kekar itu, tapi tetap tidak mengenali siapa yang hadir dihadapannya.
“Gêndari….! Gêndari….!! ”
Seru sang Prabu Dretarastra
“Kula paringan dhawuh….”
Jawab istrinya, Dewi Gandari
“Ana angin gêdhé nganti mlêbu jroning datulaya tak kira yèn Ngastina kêtaman prahara. Sirêpé angin ana ganda arum…. Mangka barêng tanganku grayah-grayah lha kok aku nyêkêl sawijining pawakan ingkêng awakké kêncêng gêdhé dhuwur…. iki sapa sing sowan….?? ”
“Bat tobat, tobat…. nyuwun pangapuntên sinuwun mênika putra paduka…. ”
Jawab Dewi Gandari
“Lho lho lho…. mêngko dhisik. Anakku sapa, apa Dursasana….? Dursasana kaé awaké gêdhé ning glombyor. Nèk Dursasana dudu… Mangka iki awaké gêdhéné ora jamak, iki sapa….? ”
“Mênika ingkêng putra…. ”
“Lhoh, anakku sapa…..? ”
“Atmajanipun yayi Kunthi…. ”
“Anaké yayi Kunthi sapa…..? ”
“Inggih mênika pun Brataséna…. ”
“Brataséna anakku….??!!! ”
Prabu Drestarastra masih gak percaya
“Inggih sinuwun kasinggihan mêkatên…. ”
Kata Dewi Gendari
“Sêngkuni mau nèng ngêndi, Sêngkuni….?! ”
Prabu Drestarastra menanyakan dimana Sengkuni
“Dik patih, niku lho dipadosi….! ”
Kata Begawan Durna
“Inggih pun kêrsané…. ”
Jawab Patih Sengkuni
“Sengkuni….!! ”
Seru Prabu Drestarastra
“Kula wontên dhawuh…. ”
“Kok suwaramu adoh mên….? ”
“Inggih, kula ontên wingking…. ”
“Aku tak takon karo kowé, wangsulana kanthi pêrtitis. Sing sowan ning ngarêpku iki sapa ? Sêbutên sing cêtha…!! ”
“Inggih, Radèn Brataséna…. ”
Jawab Patih Sengkuni pelan
“Sapa…?? ”
“Radèn Brataséna…. ”
“Kowé isa omong sêru ora Sêngkuni hêm….? Tak suwèk cangkêmmu kowé mêngko….!!? ”
“Radèn Brataséna…!!!!! ”
Jawab Patih Sengkuni keras
“Lha sing mbok aturké ndhisik ana rongkongan ênêm kuwi rongkongané sapa…??! ”
“mBotên ngêrtos… Nyatané rongkongan mênika kobong wontên palêrêmané Pandawa….!? ”
Jawab Patih Sengkuni glagapan.
“Suman….! Suman….!!!
Kok kêbangêtên tênan kowé…!
Kowé tak dadadèkna Patih, kowé iki kuduné dadi mripatku… Ngêrti yèn ratuné cacat nétra ora isa nyumurupi marang gêlaring jagad èsêmé rêmbulan lha kok malah mbok blusuk-blusukké, mbok blondrok – blondrokaké…..
Patih modèl apa kowé iki, hêmmm…??! ”
“Nyuwun pangapuntên sinuwun, kula nggih bingung kok nggih tasih urip Brataséna… ? ”
Jawab Patih Sengkuni
“Padha raharja praptamu nggèr Brataséna….?? ”
Tanya Prabu Drestarastra kepada Bratasena
“Waaaaa……… ”
Jawab Bratasena dengan suaranya yang menggetarkan seluruh ruangan istana
“Oh jagad déwa bathara jagad mangèstungkara…. biyuh biyuh nggèr…. nadyan aku ora wêruh kahananmu, ming krungu suwaramu aku wis bisa anggraita lamun sira saiki gagah gêdhé dhuwur simbar dhadha…. ”
Kata Prabu Drestarastra
“Drêstarastra bapakku, aku ngaturké sêmbahku katura.. ”
Kata Bratasena
“Ya Brataséna, tak tampa, ora liwat pangèstuku tampanana nggèr…. ”
“Tak gêgêm dadèkaké jimat…. ”
“Kakangmu Puntadéwa….? ”
Tanya Prabu Drestarastra
“Mbarêp kakangku nèng Sapta Arga… ”
Jawab Bratasena
“Pêrmadi piyé…? ”
“Pinaringan waras. Nakula Sadéwa ya waras. Kunthi ibuku ya pinaringan waras…. ”
Jawab Bratasena
“Duh jagad déwa bathara, ya syukur, syukur nggèr Brataséna. Yèn ta Pandawa isih kinayoman kuasané Gusti ingkang Akarya Jagad, prayogakna nggonmu ngadhêp ya nggèr…. ”
“Ya, kaya wis ora kurang kêpénak nggonku ngadhêp….
Bhisma kakèkku aku ngaturké sêmbahku katur…. ”
“Ya ya kulup putuku tak tampa, pangèstuku tampanana…. ”
Jawab Resiwara Bhisma
“Tak gêgêm dadèkké jimat…. Gêndari ibuku, aku ngaturké sêmbah ”
“Bat tobat, tobat…. Tak tampa Brataséna, pangèstuku tampanana ya nggèr…. ”
Jawab Dewi Gandari
“Tak gêgêm dadèkaké jimat…. Durna bapakku aku ngaturké sêmbah. ”
“Ooo…. Brataséna, Wêrkudara…. Ya tak tampa nggèr, cah bagus, bapa Sikalima tansah nyênyuwun ngarsané Gusti muga-muga Pandawa tansah pinaringan kêwarasan lan kawilujêngan…. ”
Jawab Begawan Durna
“Kurupati kakangku aku ngaturké bêkti…. ”
“Ya ya dhi bêktimu tak tampa. Pangèstuné kakang tampanana…. ”
Jawab Kurupati
“Tak gêgêm dadèkaké jimat…. ”
“Drêstarastra bapakku….! ”
“Ya piyé nggèr….? ”
Jawab Prabu Drestarastra
“Sukurrr…. ora dibagèkké dhéwé.. Wong tuwa ki mung kari klakohané, nèk klakohané apik kuwi sing nom mêsthi njaluk pêngèstu…!? ”
Kata Begawan Durna kepada Patih Sengkuni di belakang
“Ora disuwuni pêngèstu ya ora pathèkên….! ”
Jawab Patih Sengkuni
“…Bèn, pêngèstuku arêp tak nggo mukti dhéwé, ora tak dumké wong kana-kana….! ”
“Ooo…. pancèn patih gêmblung tur ngèyèlan tênan….! ”
Kata Begawan Durna
“Ya piyé kulup Brataséna….? ”
Kata Prabu Drestarastra
“Sowanku ana nêgara Ngastina iki aja nganti didakwa aku bakal nyuwun nêgara Ngastina….”
Kata Bratasena
“Lha banjur wigatiné….? ”
Tanya Prabu Drestarastra
“Mung kêpingin krungu ngêndikané Drêstarastra bapakku… ”
“Ya nggèr, krungu bab apa….? ”
“Yèn sampéyan jik kélingan, duk nalika bapa Pandu arêp séda mbiyèn paring dhawuh apa….? ”
Tanya Bratasena
“Ééé lha dyalah, ya nggèr kulup Brataséna, ngêndikané kanjêng ramamu, ‘kakang Adipati kula titip nêgari Ngastina, mangké mênawi anak-anak kula sampun déwasa, Ngastina mênika kula aturi ngundurakên dhatêng panguwaosipun anak-anak kula Pandawa..’ ngono wêlingé bapakmu nalika sêmana…. ”
Kata Prabu Drestarastra
“Babu Kunthi paring dhawuh karo aku….”
Kata Bratasena
“…yèn ta dina samêngko Pandawa wus pantês lan wis sak mêsthiné nampa tinggalané wong tuwaku, mula aku nanjihké marang Drêstarastra bapakku babakan nêgara Ngastina iki kêpiyé. Apa arêp mbok balèkaké marang para Pandawa utuh, apa arêp mbok balèkaké marang para Pandawa sak sigar sêmangka, têgêsé sêparo ? Wêrkudara, Brataséna sak sêdulur ora bakal kabotan mung kari nunggu dhawuhé Drêstarastra bapakku dina samengko iki…!”
“Jagad déwa Bathara…
Kuluuup….! ”
“Ya piyé….? ”
“Upama aku pantês mbok patrapi paukuman mêsthi tak tampa kanthi éklas…. ”
Kata Prabu Drestarastra
“….Mêrga kabèh mau pancèn luputé wakmu ing Ngastina. Ngêrtiya nggèr…. Yèn dina samêngko Ngastina kuwi wis nduwé naléndra ingkêng bakal gumanti kêprabon ana ing Ngastina ya kuwi kadangmu si Kurupati.
Nalika sêmana wis tak wisuda minangka lumingsiré kêprabonku. Mbarêng sira kulup Brataséna prapta ning kéné, éwuh aya ing pambudi.. Bèn ora sinêngguh ratu Ngastina kuwi ratu ingkêng méncla-ménclé gunêmané, mula tak têtêpaké nêgara Ngastina dadi darbèké Kurupati, ya mung supaya adil sira kulup bakal ingsun paringi bumi lêliru ya kuwi wujuting Wanamarta, wana gung liwang-liwung alas bêbondhotan, ning jêmbar suburé tan prabéda kaya nêgara Ngastina. Yèn sira kulup Brataséna gêlêm mbabati Wanamarta, Wanamarta tak paringaké marang para Pandawa minangka bumi pêrdikan lan agêmên mukti kanggo kowé sak sêdulurmu nggèr Brataséna.(bersambung ) (Red)